Iklan


 

Kidung Mapag Idul Fitri

Selasa, 24 Juni 2025, Juni 24, 2025 WIB Last Updated 2025-06-24T07:56:52Z

 



KIDUNG  MAPAG RIYAYA ING BONROJO

 ( Asmaradana karya :  Solawat macapat Wedhatama )

 

Wajibe karan wong mukmin

Ing sasi suci sangkanya

Rukun  Islam dedasare

Netepi dawuh samiya

Njeng Nabi kasinhing  Allah

Qur’an Hadist dadya anut

Itjma’ Kiyas jangkepana

 

Monggo sami ngidung santi

Ing kebon rojo sarengan

Nata lati lan manahe

Mapag dina a riyaya

Iku kemenangan kita

Saking nepsu angkara dur

Hullaillaha’illalah

 

Nulada kidung sesanti

Pujangganane pra  ngulama

Nggulang ngilmu utamane

Kanggo donya lan ngakherat

Sinihsihan  Sing Hyang Sukma

Gusti Allah Maha  Agung

Kang Kwasa marang  karya-Nya.

/ red

 

Komentar

Tampilkan

  • Kidung Mapag Idul Fitri
  • 0

Terkini

Topik Populer