
1. ana kidung rumêksa ing wêngi | têguh ayu luputa
ing lara | luputa bilai kabèh | jim setan datan purun | panêluhan tan ana wani
| miwah panggawe ala | gunaning wong luput | gêni atêmahan tirta | maling adoh
tan ana ngarah mring mami | guna duduk pan sirna ||
2. sakèhing lara pan samya bali | sakèh ngama pan
sami miruda | wêlas asih pandulune | sakèhing braja luput | kadi kapuk tibaning
wêsi | sakèhing wisa tawa | sato galak tutut | kayu aèng lêmah sangar | songing
landhak guwaning wong lêmah miring | myang pakiponing mêrak ||
3. pagupakaning warak sakalir | nadyan arca myang
sagara asat | têmahan rahayu kabèh | apan sarira ayu | ingidêran kang widadari
| rinêksa malaekat | sakathahing rusul | pan dadi sarira tunggal | ati Adam
utêkku Bagendha Êsis | pangucapku ya Musa ||
4. napasku Nabi Ngisa linuwih | Nabi Yakub
pamiyarsaningwang | Yusup ing rupaku mangke | Nabi Dawud swaraku | Jêng Suleman
kasêktèn mami | Nabi Ibrahim nyawa | Edris ing rambutku | Bagendha Li kulit
ingwang | gêtih daging Abubakar Ngumar singgih | balung Bagendha Ngusman ||
5. sungsum ingsun Patimah linuwih | Siti Aminah
bayuning angga | Ayup ing ususku mangke | Nabi Nuh ing jêjantung | Nabi Yunus
ing otot mami | netraku ya Mukhamad | pamuluku rasul | pinayungan Adam sarak |
sampun pêpak sakathahing para nabi | dadya sarira tunggal ||
6. wiji sawiji mulane dadi | apan pêncar saisining
jagad | kasamadan dening date | kang maca kang angrungu | kang anurat kang
animpêni | dadi hayuning badan | kinarya sêsêmbur | yèn winacakna ing toya |
kinarya dus rara tuwa gêlis laki | wong edan nuli waras ||
7. lamun ana wong kadhêndha kaki | wong kabănda wong kabotan utang | yogya wacanên dèn age | nalika têngah dalu | ping sawêlas wacanên singgih | luwar ingkang kabănda | kang kadhêndha wurung | aglis nuli sinauran | mring Hyang Suksma kang utang puniku singgih | kang agring nuli waras ||
8. lamun arsa tulus nandur pari | puwasaa sawêngi
sadina | idêrana galêngane | wacanên kidung iku | sakèh ngama sami abali | yèn
sira lunga pêrang | watêkên ing sêkul | antuka tigang pulukan | mungsuhira
rêp-sirêp tan ana wani | rahayu ing payudan ||
9. sing sapa rêke bisa nglakoni | amutiha lawan
anawaa | patang puluh dina bae | lan tangi wêktu subuh | lan dèn sabar sukur
ing ati | insa Allah tinêkan | sakarsanirèku | tumrap sanak rayatira | saking
sawabing ngèlmu pangikêt mami | duk anèng Kalijaga ||
10. ana kidung rêke angartati | sapa wêruh rêke
aran ingwang | duk ingsun ana ing ngare | miwah duk anèng gunung | Ki Samurta
lan Ki Samurti | ngalih aran ping tiga | Artadaya tèngsun | aran ingsun duk
jêjaka | Ki Artati mangke aran ingsun ngalih | sapa wruh aran ingwang ||
11. sapa wêruh kêmbang têpuskaki | sasat wêruh rêke
Artadaya | tunggal pancêr sauripe | sapa wruh ing panuju | sasat sugih pagêre
wêsi | rinêksa wong sajagad | kang angidung iku | lamun dipun apalêna | kidung
iku dèn tutug padha sawêngi | adoh panggawe ala ||
12. lawan rinêksa dening Hyang Widhi | sakarsane
tinêkan dening Hyang | rinêksa ing janma kabèh | kang maca kang angrungu | kang
anurat myang animpêni | yèn nora bisa maca | simpênana iku | têmah hayu
kasarira | yèn linakon dinulu sasêdyanèki | lan rinêksa dening Hyang ||
13. kang sinêdya tinêkan Hyang Widhi | kang
kinarsan dumadakan kêna | tur sinihan Pangerane | nadyan tan wêruh iku | lamun
nêdya muja sêmèdi | sêsaji ing sagara | dadya ngumbarèku | dumadi sarira
tunggal | tunggal jati swara awor ing artati | aran sêkar jêmpina ||
14. somahira ingaran Pênjari | milu urip lawan milu
pêjah | tan pisah ing saparane | paripurna satuhu | anirmala waluya jati | kêna
ing kene kana | ing wasananipun | ajêjuluk adi suksma | cahya êning jumênêng
anèng artati | anom tan kêna tuwa ||
15. panunggale kawula lan Gusti | nila êning arane
duk gêsang | duk mati nila arane | lan suksma ngumbarèku | ing asmara mongraga
yêkti | durung darbe pêparab | duk rarene iku | awayah bisa dadolan | aran Sang
Hyang Jati iya Sang Artati | yèka Sang Artadaya ||
16. dadya wisa mangkya amartani | lamun marta atêmahan wisa | marma Artadaya rane | duk lagya anèng gunung | ngalih aran Asmarajati | wayah tumêkèng tuwa | emut ibunipun | Ni Panjari lunga ngetan | Ki Artati nurut gigiring Marapi | anulya mring Sundara ||
17. ana pandhita akarya wangsit | mindha kombang
angajap ing tawang | susuh angin ngêndi gone | lawan galihing kangkung |
wêkasane langit jaladri | isining wuluh wungwang | lan gigiring punglu |
tapaking kontul anglayang | manuk mibêr uluke ngungkuli langit | kusuma jrah
ing tawang ||
18. ngambil banyu apikulan warih | amèt gêni sarwi
adêdamar | kodhok ngêmuli êlènge | miwah kang banyu dèn kum | myang dahana
murub kabêsmi | bumi pinêtak ingkang | pawana katiyub | tanggal pisan
kapurnaman | yèn anênun sêntèg pisan anigasi | kuda ngrap ing pandêngan ||
19. ana kayu apurwa sawiji | wit buwana êpang
keblat papat | agodhong mega rumêmbe | apradapa kêkuwung | kêmbang lintang
salaga langit | sêmi andaru kilat | woh surya lan tèngsu | asirat bun lawan
udan | apêpucak akasa bungkah pratiwi | oyode bayu braja ||
20. wiwitane duk anêmu candhi | gêgêdhongan miwah
wêwarangkan | sihing Hyang kabêsmi kabèh | tan ana janma kang wruh | yèn wêruha
purwane dadi | candhi sagara wetan | ingobar karuhun | kayangane Sang Hyang
Tunggal | sapa rêke kang jumênêng mung artati | katon têngahing tawang ||
21. gunung agung sagara sêrandil | langit ingkang
amêngku buwana | kawruhana ing artine | gunung sagara umung | guntur sirna
amangku bumi | rug kang langit buwana | dadya wêruh iku | mudya madyaning
awiyat | mangasrama ing gunung agung sabumi | candhi candhi sagara ||
22. gunung luhure kagiri-giri | sagara agung
datanpa sama | pan sampun kawruhan rêke | Artadaya puniku | datan kêna
cinakrèng budi | anging kang sampun prapta | ing kuwasanipun | angadêg
têngahing jagad | wetan kulon lor kidul ngandhap myang nginggil | kapurba
kawisesa ||
23. bumi sagara gunung myang kali | sagunging kang
sèsining bawana | kasor ing Artadayane | sagara sat kang gunung | guntur sirna
guwa samya nir | singa wruh Artadaya | dadya têguh timbul | lan dadi paliyasing
prang | yèn lêlungan kang kapapag wêdi asih | sato galak suminggah ||
24. jim pêri prayangan padha wêdi | mêndhak asih
sakèhing drubiksa | rumêksa siyang dalune | singa anêmpuh lumpuh | tan tumama
ing awak mami | kang nêdya tan raharja | kabèh pan linêbur | sakèhe kang nêdya
ala | larut sirna kang nêdya bêcik basuki | kang sinêdya waluya ||
25. siyang dalu rinêksa ing Widhi | dinulur saking
karsèng Hyang Suksma | kaidhêp ing jalma kabèh | aran wikuning wiku | wikan
liring mudya sêmèdi | dadi sasêdyanira | mangunah linuhung | pêparab Hyang
Tegalana | kang asimpên yèn tuwajuh jroning ati | kalis ing păncabaya ||
26. yèn kinarya atunggu wong sakit | êjim setan
datan wani ngambah | rinêksa malaekate | nabi wali angêpung | sakèh lara padha
sumingkir | ingkang sêdya pitênah | marang awak ingsun | rinusak dening
Pangeran | eblis lanat sato mara mara mati | tumpês tapis sadaya ||
27. ana kidung angidung ing wêngi | bêbaratan duk
amrêm winaca | Sang Hyang Guru pangadêge | lumaku Sang Hyang ayu | alembehan
asmara êning | ngadêg pangawak teja | kang angidung iku | yèn kinarya angawula
| myang lêlungan gusti gêthing dadi asih | sato setan sumimpang ||
28. sakathahing upas tawa sami | lara roga waluya
nirmala | tulak tanggul kang manggawe | duduk samya kawangsul | akawuryan
sagunging pikir | ngadam makdum sadaya | datan pajangrungu | pangucap lawan
pangrasa | myang tumingal kang sêdya tumêkèng napi | pangrêksaning malekat ||
29. Jabarail ingkang animbangi | milanira katêtêpan
iman | pan dadya kandêl ngatine | Ngijraile puniku | kang rumêksa ing ati suci
| Israpil dadi damar | madhangi jro kalbu | Mingkail kang asung sandhang |
lawan pangan tinêkan ingkang kinapti | sabar lawan narima ||
30. yaudaknyêng pamujining wêngi | bale aras
sêsakane mulya | kirun saka têngên gone | wa nakirun kang tunggu | saka kiwa
gadane wêsi | nulak panggawe ala | satru lawan mungsuh | pangêrêt têngajul
rijal | andêr-andêr kulhu balik kang linuwih | ambalik lara roga ||
31. dudur molo têngayatul kursi | lungguh nèng
atining surat Am Ngam | panglêburan lara kabèh | usuk-usuk ing luhur | ingkang
aran wêsi ngalarik | nênggih Nabi Mukhamad | kang wêkasan iku | atunggu ratri
lan siyang | kinèdhêpan ing tumuwuh padha asih | tundhuk mêndhak maringwang ||
32. satru mungsuh mundur padha wêdi | pamidhanganing betal mukadas | tulak balik pangrêsane | pan nabi patang puluh | paring wahyu mring awak mami | apan nabi wêkasan | sabda Nabi Dawud | apêtak Bagendha Ambyah | kinawêdèn bêlis lanat lawan êjim | tan ana wani pêrak ||
33. pêpayone godhong dhukut langit | tali barat
kumêndhung ing tawang |tinundha tan katon mangke | arajêg gunung sèwu | jala
sutra ing luhur mami | kabèh padha rumêksa | angadhangi mungsuh | anulak
panggawe ala | lara roga sumingkir kalangkung têbih | luput kang wisa guna ||
34. gunung sèwu dadya pagêr mami | katon murub kang
samya tumingal | sakèh lara sirna kabèh | luput ing tuju têluh | taragnyana
tênung jalênggi | bubar ambyar suminggah | sri sêdana lulut | punika sih
rahmatollah | rahmat jati jumênêng wali jasmani | iya sang jati mulya ||
35. ingaranan Rara Subaningsih | kang tumingal
samya sih sadaya | kèdhêp saparipolahe | kèh lara sirna larut | tan tumama ing
awak mami | kang sangar dadi tawa | kang gêthing sih lulut | saking dhawuh
sipat rahman | iya rahmat rahayu pangrêksanèki | sarana nganggo mêthak ||
36. yèn lumampah kang mulat awingwrin | singa
barong pan padha rumêksa | gajah mêta nèng wurine | macan gembong ing ngayun |
nagaraja ing kanan kering | singa mulat jrih trêsna | marang awak ingsun | jim
setan lawan manungsa | padha kèdhêp têluh lawan antu bumi | ajrih lumayu
nginthar ||
37. yèn sinimpên tawa barang kalir | upas bruwang
racun banjar sirna | têmah kalis sabarang rèh | jêmparing towok putung | pan
angleyang tumibèng siti | miwah saliring braja | tan tumama mring sun | cêndhak
cupêt dawa tuna | miwah sambaing setan tênung padha bali | kèdhêp wêdi
maringwang ||
38. ana paksi mangku bumi langit | manuk iku endah
warnanira | sagara êrob wastane | uripe manuk iku | amimbuhi ing jagad iki |
warninipun sakawan | sikile wawolu | kulite iku sarengat | gêtihipun tarekat
ingkang sajati | ototipun kakekat ||
39. dagingipun makripat sajati | cucukipun
sajatining sadad | êlêdan tokit wastane | anadene kang manuk | pêpusuhe supiyah
nênggih | ampêrune amarah | mutmainah jantung | luamah wadhuke ika | manuk iku
anyawa papat winilis | nênggih manuk punika ||
40. uninipun Jabarail singgih | socanipun puniku
kumala | anetra wulan srêngenge | napas nurani iku | grananipun tursina nênggih
| angaub soring aras | karna kalihipun | ing gunung arpat punika | uluwiyah ing
loh kalam wastanèki | ing gunung Manikmaya ||
41. ana kidung akadang prêmati | among tuwuh ing kawasanira | nganakakên saciptane | kakang kawah puniku | kang rumêksa ing awak mami | anêkakakên sêdya | ing kawasanipun | adhi ari-ari ika | kang mayungi ing laku kawasanèki | anêkakkên pangarah ||
42. punang gêtih ing raina wêngi | ngrêrewangi
Allah kang kuwasa | andadèkakên karsane |pusêr kawasanipun | nguyu ayu sambawa
mami | nuruti ing panêdha | kawasanirèku | jangkêp kadang ingsun papat |
kalimane pancêr wus dadi sawiji | tunggal sawujud ingwang ||
43. yèku kadang ingsun kang umijil | saking marga
ina sarêng samya | sadina awor ênggone | sakawan kadang ingsun | ingkang ora
umijil saking | marga ina punika | kumpule lan ingsun | dadya makdum sarpin
sira | wêwayanganing dat samya dadya kanthi | saparan datan pisah ||
44. yèn angidung poma dèn mêmêtri | mêmulea sêga
golong lima | takir ponthang wêwadhahe | ulam-ulamanipun | ulam tasik rawa lan
kali | ping pat iwak bangawan | mawa gantal iku | rong supit winungkus samya |
apan dadya sawungkus arta sadhuwit | sawungkuse punika ||
45. tumpangêna nèng ponthangnya sami | dadya limang
wungkus ponthang lima | sinung sêkar cêpakane | loro saponthangipun | kêmbang
borèh dupa ywa lali | mêmêtri ujubira | donganira mahmut | poma dipun lakonana
| sabên dina nuju kalairannèki | agung sawabe ika ||
46. balik lamun nora dèn lakoni | kadangira pan
padha ngrêncana | têmah udrasa ciptane | sasêdyanira wurung | lawan luput
pangarahnèki | sakarêpira wigar | gagar datan antuk | saking kurang têmênira |
madhêp laku iku dèn awas dèn eling | tamat ingkang kidungan. / red